13 November 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH II

4 min read

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH II
Th. 965 Saka ( 1045 M)

2. Murinane Nyi Calonarang.

Panjeriteng Nyi Dasih pancen ora kapireng, ning… atine biyung ora bisa di tilapake. Karerantaning ati si anak wadon ganthilane ati, nyebabake geter jantunge Nyi Calonarang. Kaya ora kajarag, menyat madal pasilan brabat jengkar saka Sanggah ( Sanggar Pamujan – Bali),karo ngawe andahane yaiku cantrik-cantrike kang setya nderek bendharane saka mulya nganti tumeka ing panggenan mencil.

” Guyang …… Londhe, Mahesawardhana, ayo derekna ingsun. Ana pralampita apa saranduning awakku kaya diosikake menyang papane Gendhuk Ratna …….,” ngendikane Nyai Calonarang karo setengah lumajar ditutake pandhereke kang tansah siyaga tandya.

” Wonten mrika Gusti Putri , Den Mas Rara kalawau pamit pados sekar tanjung kaliyan mitra Nyi Dasih .”
Karo nuding jempol drijine kadehan Nyi Guyang katujukake papane Ni Ratna Manggali.

Aneng ndhuwur gumuk, sorot netrane manter trawaca bisa ndulu kahanane Ni Ratna kang wus kena dicandhak pundhake arep dirodhaparipeksa, katawis kembene arep dibethot dening tangan lanang awatak nyunyuh.

Tanpa kasangka tumindake Ki Reksapati marang anak wadhon kinasih wis luwih dening nrunyak arep ngrusak pager ayu, sakala muntab hardhaning kanepson. Rasa bela mring putri kinasih kang tanpa daya, biyung endi kang ora murina ?, sakala saka netrane kang dadi abang ngatirah cumlorot sunar rekta kadya dahana kang asipat luwih dening panas ngungkuli mawa bathok mromong. Sunar abang nyamber anggane Reksapati, tanpa swara dadya geseng gumebruk ing pasuketan wis dadya bathang gosong. Sirna sifat dur angkarane, mati amarga kasektene Nyi Calonarang.

Nyi Dasih keplayu karo njerit tumuju panggone, dene Ni Ratna Manggali ndeprok karo nekep dada. Ning gage kapondhong dening Ki Mahesawardhana kadehane Nyi Calonarang di gawa mlayu menyang Dalem Ageng, ing ngarsane Nyai Calonarang ya ibune Ni Ratna Manggali.

Para kadehan ya pandereke Nyi Calonarang kang setya kuwi uga para cantrik kang nyesep Ilmu Kalacakra kagungane Nyi Calonarang. Olehe ndherek mula wiwit saka Balidwipa. Prameswari Mahendratta Gunapriya Dharmapatni pancen pengagem Ilmu Kalacakra ya Ilmu Leak. Kang ka anut Hindu Durga. Mula Sang Prameswari kang sekti kuwi rada kladuk kejem marang sok sapa wae kang gawe lara lan kuciwa penggalihe.

Karo Sang Prabu Dharma Udhayana Marmadhewa, ya Mahaprabu Udhayana, Sang permaisuri kausir saka kedhaton. Putri Mahendratta sakala medal saka Kraton karo nggendhong Ni Ratna kang isih bayi dalah para abdi kang setya ,arep sumusul putra mbarep ing Koripan (Kahuripan). Pranyata Putra mbarep wus madek dadya Prabu gung binathara aneng Negara Koripan (?jejuluk Prabu Erlangga. Batosing ibu lingsem dene wis kasingkur garwa, tindake kandheg ing tlatah Girah. Pirsa kaendahan lan katentremaning Dukuh Girah, banjur mbangun adeg Sanggah ing tlatah kono. Amung karo Ki Buyut Gurah, sang putri blakasuta yen sakjane isih putu Prabu Isyana, putrine Prabu Sri Dharmawangsa kang sinengkakake Garwa Prameswarine Prabu Udayana ing Balidwipa. Nyi Calonarang idhi ngadekake Sanggah Hindu Durga ing wewengkon kono. Lan Ki Buyut diwanti-wanti ora mbukak wewadi lan crita yang sapa wae, sapa sejatining Nyi Calonarang.

Nganti Ni Ratna wis dewasa, Ki Buyut ora wani crita, lan crita kuwi ginawa nganti tekan patine. Kalungguhan Buyut kagantos adine ya bapake Ki Reksapati. Aneng keluargane, Ki Buyut sepuh amung weling yen ojo sok ngganggu gawe lan cecedhakan karo kluwarga sing aneng ndhuwur gumuk. Amarga ing nduwur gumuk kuwi amung manekung puja mring jawata. Lan kasunyatane Nyi Calonarang ora nate ngganggu gawe, uga ora nate sesrawungan aneng bebrayan kabuyutan Girah.

Seje karo Ni Ratna Manggali, nadyan ruruh anteng ning ajeg sapa aruh lan semanak marang tangga sakiwa tengene Sanggah.
Ning, para taruna ing wewengkon Girah krasa ringa lan kurmat marang Ni Ratna, kang lageyane sarta pasuryane beda banget karo sanak kadang ing dukuh kono. Kawistara “getih biru ningrat” kluwarga Nyi Calonarang isih banget kawistara. Kuwi sing sakjane nuwuhake wates ing antarane. Dene Nyi Calonarang dewe awis-awis tumurun saka sanggah, sabendinane manekung puja ing Pura Durga kang dadi pepujane.

Pawarta mati geseng Ki Reksapati wus sumebar, ndadekake kanca-kancane Ki Reksapati sing pakulinane pada, soroh amuk lan ngujuk-ngujuki Ki Buyut supaya gawe pepetungan marang Nyi Calonarang. Merga Nyi Dasih crita yen ana sunar saka nduwur gumuk ndadekake Ki Reksapati kang arep ngrodhapeksa Ni Ratna Manggali mati geseng.

( ana tutuge)

☆☆ ngrujuk Buku Negarakretagama – Prof.DR. Slamet Mulyono
kaca 25,26,27

 

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

15 − = 14