15 Juli 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XX

5 min read

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XX
Th. 1042 M
Mimin S

10. Pungkasaning Lelakon.

Kang pancabakah adu kasekten isih durung katon sapa kang unggul. Nanging Hyang Candra arsa gumlewang kaganti jumedhule Sang Bhagaskara. Trontong-trontong ing brang wetan wis sumamburat warna jingga, gage si iblis lan sabalane mbekik mulih menyang dangkane. Sang Durgakali uga ajrih marang sunare Hyang Surya kang bisa nglelehake sudibyane, kuwi wis sinerat ing prajanji dening Hyang Wisjnu duk rikala. Kabeh ana titimangsane.

Bareng jumedhule Hyang Surya, para pandereke Nyai Dhatu pada njerit lan mlajar nggawa kitab gulungan rontal duweke dhewe-dhewe.

Playune akeh -akehe menyang ngetan, nggawa ngelmu dhesti Aji Wegig pangleyakan menyang Balidwipa. Nyai Dhatu tansaya kethetheran krodhane tanpa sunare Sasadhara. Wengine arep kaganti gagat rahina, pralampita Ngelmu Pangleyakan cabar tinilar kekuwatane. Wujud brahala tansaya kabur kaya asep tipis cat katon cat ora, wektu kasekten Guna Dhesti uga tansaya ilang manut jantrane prajanjen.

Banjur katawis wujude wanita setengah tuwa kang ayu kanthi rikma panjang awarni ireng setengah seta. Socane ora tajem maneh, malah ngaluyup kelangan prabawa kejem. Ning kaganti wujud lungkrah lan sayah. Ngepasi Hyang Surya jumedhul, Nyai Datu wis ora jumeneng maneh, ning nglimpruk sinangga teken apucuk tengkorak kang dianggo cagak, gulungan rontal dikempit… pasuryane ndhingkluk, saka lathi tumetes ludira abang semu cemeng… Nyai Calonarang kena tatu njero kang ora entheng.

Ngepasi raga wanita kuwi nglimpang merga kentekan daya, keprungu kumeproke turangga lan swara jelih-jelih campur tangis. Mandhege jaran banjur ana paraga mrepegi lan ngrangkul Nyai Datu kang mrosot arep nggoling merga panggegeme teken wis ora kuwagang…

” Ibu… adu…Tu Biang …. Ibuuuuu ampura sane… titiyang …..”
Gapruk Ni Retna Manggali nyaut anggane Nyai Calonarang supaya ora gumebrug ing bantala. Ning kalah caket karo Ki Bahula kang sigra gage mbopong anggane Nyai Calonarang kang kantaka kaya kunarpa.

Dene Mpu Bharadah langsung nyaketi lan mendhet gulungan rontal kang mencelat saka kempitane Sang Datu.

” Kanjeng Ibu… kula wonten mriki oh..Ibu.., sampun tinilar Manggali.. Kanjeng Ibu… saking tresna panjenengan dumateng kula, ndadosaken kawontenan kados makaten .”
Atawang tangis Ni Ratna Manggali, sesenggukan dulu Ibu kang ditresnani tan bisa ngglawat .

” Putri Manggali, keng ibu taksih saged waluyajati, mangga dipun asta lumebet wonten wisma… ayo nakmas Bahula, gendhongen ibu marasepuhmu menyang palereman. Mbokmenawa ingsun isih durung telat nambani..,” ngendikan mangkono Sang Yogi langsung lumebet menyang Ndalem Ageng ditut wingking karo Ki Bahula kang mbopong Nyai Dhatu lan Ni Ratna Manggali kang isih sesenggukan.

Aneng kursi dawa ing pringgitan, anggane Nyai Calonarang disareke, getih kang ndleler kausap kacu dening Ni Ratna Manggali karo tansah tumetes bening waspane isih durung tuntas. Sang Yogi mriksa kawontenane Nyai Datu….
Manthuk-manthuk, Sang Yogi manahe lega, selaras sing dikersakake. Ora usah ragane dipejahi ning ngrucat kabeh Ngelmu Dhesti sing diagem… saiki Nyai Calonarang wis seda, ning Gusti Putri Mahendradhatta isih sugeng. Tanpa Ngelmu Kalacakra, Kanjeng Ibu dadi ibu lumrah kang ora bisa nyilakani sapepadhane.

Gagat rahina nggawa sunar kang endah, asung pambagya dina anyar kanggone bebrayan. Gusti Putri kaboyong sinengkakake dadya Gusti Putri Ibu Suri ing kraton Koripan amarga ora kersa pisah karo putri Manggali. Ndadekake sukarenane Prabu Airlangga kang bisa nyawiji karo keng Ibu kang wis tetahunan nora pinanggih. Mung pitung tahun Keng Ibu nunggoni ing kraton Koripan , banjur Keng Ibu wus yuswa sepuh sowan ing kalanggengan (Th. 1049 M – prasasti Batuan, Serat Calonarang – Pen. Slamet Moeljono, Prof. Negarakertagama hal. 27 – 28 ).

Dene pandhereke wis oncat nggawa Ngelmu Aji Wegig Pangleyakan kang katulus ing rintale dhewe-dhewe. Ginawa menyang Balidwipa, lan isih ana nganti saiki.

Ananging Aji Wegig kang diprangguli saiki, tingkatane wis ora dhuwur kaya kagungane Nyai Calonarang ya Dayu Datu, Gusti Mahendradhatta Gunapriya Rajapatni wangsa Isyana.

Marga marengake Sang Ibu lumebet kraton, kuwi agawe murinane Keng Rama Gusti Aji Dharma Udhayana… Nganti rikala Prabu Airlangga nedya putrane salah siji sinengkakake dadi Raja aneng Bedahulu, karo Keng Rama Uddhayana ora diparengake. Lan ingkang nggantos Prabu Udhayana malah rayine Prabu Airlangga kang uga mijil saka Ibu Mahendradhatta, Gusti Ageng Marakata.

Amarga Sang Prabu Airlangga kagungan putra loro, banjur negara dibelah dadi kalih, dadi kraton Daha inggih Panjalu ( Lembu Amisena jeluluk Prabu Mapanji Samarawijaya ) , sijine Jenggala ( Lembu Amiluhur jejuluk Prabu Mapanji Garasakan ). Kang mbelah nagari ora liya ya Mpu Bharadah kang ngasta kendi karo miber, toya amirta dikocorake saka angkasa.

Nanging negara loro kuwi tansah cecongkrahan. Nyebabake karusakan sing kalah perang. Jenggala tansaya mundur, lan Daha ngalami jaman kaemasan ing jamane Prabu Mapanji Jayabhaya. Lan bakale surut lan dadi krajan cilik saemper pakuwon ing jamane Prabu Dandang Gendhis ya Prabu Kertajaya kang kagebag kalah perang ing Ganter th. 1222 karo Tumapel kang dipandegani maling aguna ya Ken Arok , Sri Bathara Rajasa Amurwabhumi.

TAMAT

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

90 − = 89