20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH IV

4 min read

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH IV
Th.962 Saka (1042 M)

2. Murinane Nyi Calonarang.

Paraga telu mau terus gumlethak nganti parak esuk, bareng kena panase surya banjur krugat-kruget mak byar… pada kaget banjur mencolot tangi, ning wus kinupeng pandhereke Nyi Calonarang lan Nyi Calonarang dewe.

” Heh, sira wong telu kang murang tata… ana parigawe apa, dene blusukan ora nduwe duga arep mlebu senthonge anakku prawan?”
Kedher sarandune awak, pranyata Nyi Calonarang kuwi piyayi setengah yuswa kang isih ayu lan mrebawani, karo dingkluk ora wani adu mripat, Sengguruh minangka pimpinane sumaur karo nggreweli,

” Inggih Nyai …. ngaturaken kalepatan, dene kula tetiga sampun kumawantun sesidheman …. .”

” Sapa sira wong telu ? Yen ana sing ngongkon… sapa sing ngongkon, aja kongsi goroh marang ingsun, yen sira blakasuta… bakal tak wenehi kalodhangan mulih menyang keluargamu kabeh. Gage ndang matur …. .”

” Punten ndalem sewu Nyai Datu… kula sederek kaipe Ki Reksapati ing sampun ajal. Disanjangi tiyang dukuh, dene putri Nyai ingkang mejahi Reksapati, amargi putri Nyai kepingin dipun semah Ki Reksapati, ananging Ki Reksapati mboten purun… lajeng putri Nyai mejahi sederek kula … “.

” Ooooohhh lucu banget critamu kisanak… lha sira wis wanuh utawa weruh putriku apa durung ?.”
Nyai Calonarang sakjane wis ngempet duka, ning di samudana.

” Kulunun … dereng Nyai .” Meh bareng wong telu mangsuli.

” Nyi Sedaksa, gage sira mara nyang senthonge gendhuk Retna, matura yen tak timbali ….”
Jranthal Nyi Sedaksa gage atur sendika lan terus nggoleki Ni Ratna Manggali.

Kocapa wektu kuwi Ni Ratna lagi bae nyirami sesekaran, tinimbalan keng ibu …..
” Gek ana apa…?”

Bareng wis mara, Ni Ratna kaget kok ana wong telu… sing deweke durung nate panggih.

” Iki anakku Ni Ratna Manggali kang jaremu ngesir lan ngejak rabi sedulurmu kaipe, Reksapati kang wis jenat !.”

Wong telu ndengengek nyawang kang ditudhing Nyai Datu ya Nyai Calonarang, bareng weruh wewujudan putri kang ruruh, sorot mripate edhum lan banget sulistya, banjur goreh lan ngungun.

” Apa anakku kuwi sing nggereng nggenteng ngejak rabi lan andon saresmi neng suketan ngisor gumuk kae ???” Rada sengol Nyai Calonarang olehe ngendikan.

” Ah Ibu …. mboten ngaten… panjenengan pirsa piyambak, menawi kula mboten kados mekaten ….,”

” Iyo …iyo nduk … ingsun wis ngerti kabeh. Sliramu arep dirodha pari peksa karo Ki Reksapati sing kondhang thukmis kuwi, terus iki dulure wong nyunyuh kuwi. Sing bengi mau arep mlebu senthongmu, nini, ning banjur kadenangan . Dadi sing aweh purbawasesa saiki ya sliramu, di apakne wong iki”,
ngendikane Nyi Datu Calonarang marang putrine.

” Tu Biang… ibu… ampura sane duka titiang… Ibu sampun duka, niat ala mboten kaleksanan. Kula taksih pikantuk sih kawelasan Gusti. Sampun Ibu … kersane wangsul tetiganipun……,”
karo luhe dleweran, Ni Ratna Manggali kang alus bebudene kuwi ngrimuk manahe keng ibu supaya ora ndedawa perkara.

” Sengguruh, lan sira kabeh, rungokno wangsulane anakku, bukaken pangertenmu, yen anakku ora sudi alaku culika. Anakku pangrasane alus, aku sing mateni Reksapati saka kadohan… kabarna marang wong-wong kabeh, iki ibune Ratna Manggali sing ora trima yen putrine disawiyah wong-wong. Aku sing duwe ngelmu dudu Ratna Manggali… wis kana sira ndang lungaa, tinimbang aku selak duwe pamundhut seje …” Gregeten Nyi Calonarang ngusir wong telu neneka kuwi.

Dene Ni Ratna Manggali uga mak klepat mlayu menyang senthonge,
ungkep-ungkep nangisi nasib sing
dirasa kejem marang dheweke. Atine krasa wedi yen Tu Biang murina lan duwe niyatan nyilakani wong-wong kuwi. Ratna Manggali ngerti yen Kanjebg Ibu banget tresna marang dheweke, yen ngendikan tansah alus manuhara.Ning yen kasenggol pangrasane bisa mbebayani. Ratna Manggali susah banget atine ….

(ana tutuge )

 

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

− 2 = 7