KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIII
4 min readKIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIII
Th.962 Saka ( 1042 M )
Mimin S
8. Kitab Mantram Kalacakra.
Wengi kang anelahi amarga sasadara nedhenge purnama. Aneng sanggah lan sakupenge krasa sepi mamring. Kewan wengi jinem, Ki Bahula kang apangkat senapati lan minangka cantrik ing Lemah Tulis siswa kinasihe Mpu Bharadah, pancadriyane landhep, panggraitane tajem ngerti yen wengi wulan purnama iki kasaput Aji sirep Begananda kang ampuh.
Tengah-tengahing nendra kepati pucuk saraf kesenggol ilmu sirep malah cubriya, malah wungu nggoleki sapa kang nebar sirep ing wengi kuwi. Saya bareng ana ganda kemenyan, malah ndadekake rasa kepengin weruh, ana apa ing wengi iki ?.
Lakune dituntun ngganda nduleke kembang lan menyan, lakune rindhik, pas aneng kori mlebu sanggah kang ngeblak mbukak amba, kandheg lakune. Bahula nginceng lan ndlongop kagyat, nekeb dada kaya-kaya jantunge arep mencolot ucul saka gocekane.
Apa kang didulu banget nggegirisi, amarga pandhereke Nyai Calonarang jejogedan karo wuru lan wuda mblejet, mripate merem dhipet nanging tangan lan sikile rancak ngetutke wirama saka tutuk. Kabeh sajroning kesurupan, mung Sang Rangde kang sila tumpang maos gulungan rontal, lathine umak umik ngrapal japamantra. Lelaku atur sesaji Tantrayana Dhurganandhi.
Sawuse jejogedan, kabeh para pandhereke Hyang Bethari Durga kuwi pada nindakake saresmi, lambangsari ing sangarepe altar suci sangisore reca Sang Bethari. Nyawijining jalu-estri utawa lingga-yoni kang ateges ngaturake panuwun marang Hyang Bathari amarga wis maringi berkah kesuburan lan “kasampurnaning ngelmu” , kabeh mau kaya kena gendham saka mantra-mantra gaib kang dikidungake Nyai Calonarang kang maos gulungan rontal. Tontal kang tansah diasta yen pinuju atur pangorbanan lan sesembahan.
Mumpung durung katalompen lan kadenangan , Bahula alon-alon mundur, lan mbalik menyang tilam sari nyisihi garwane kang isih penak-penake ngrasuk alam pangimpen. Pikirane ngronce apa kang kapyarsa, dicathet njiret neng atine, dianggo palapuran menyang Ratu gustine lan uga Sang Mahayogi Bharadah. Atine banget ketarik menyang rontal kang diasta Nyai Rangde.
Ndungkap gagat rahina, Ki Bahula nembe saged sare, dadi wungu merga driji alus kang bubar kena warih ngelus pipine. Weruh esem manis garwane, gage tangane nyaut bangkekan lan ngruket. Njerit lirih Ni Retna kang ora kanyana awake wis dawah klumah ana kasur lan keng garwa wis ngruket kenceng ngarasi nganti ambegane menggeh-menggeh…
” Ah..ah… kakangmas, ingsun wis siram lan dandan… ah, iki…h malih lungset merga karuket..” muni ngono karo njiwit lengen prakosa Ki Bahula.
” Hmmmm diajeng, sapa sing kuwat ndulu pundakmu sing kuning semriwing, esemmu kang manis, mripat kang nggodha tansah ngejak cumbana lan lambangsari.. ingsun yen nyawang sariramu tansah kepingin kang datan ana telase …hmmm ”
” Ning kangmas …. ayo sirama dhisik, ben ora lungkrah lan lesu, ingsun tansah dhemen yen panjenengan seger lan wangi ,” Ni Retna matur karo mesem aleman.
” Iya…. iya diajeng, ingsun tak siram disik , entenana yaa… Paringana jampi kasmaranku , aja ninggal tilamsari sakdurunge ingsun ana sisihmu maneh .” Ki Bahula menyat menyang pakiwan manut marang panyuwune garwane.
Ngrangkul keket anggane Ni Ratna Manggali nemplek kaya-kaya tan bisa ucul mring garwa. Karo ngelus rikma kang panjang, njanges lan angganda sari melati, bisik-bisik angrumrum…
” Nimas, wong ayu ….. ingsun tresna banget marang sliramu, pranyata ingsun ora salah milih sliramu Nini ….. ”
” Kangmas, ingsun uga… aja mboktinggal Ratna Manggali ya kakangmas, Manggali aluwung suduk sarira yen mbok siya-siya kangmas …..”
” Adhuh nimas… ingsun ora bakal tega nilar sliramu, wong ayu. Ning saupama ingsun mundhut pirsa, sliramu kersa ta blaka suta ?.”
” Panjenengan ngersake pamundhut apa, kakangmas …?”
” Waosan apa kang aneng gulumgan rontal keng ibu, nimas… ingsun weruh mau bengi kalaning menyang pakiwan krungu swara saka Sanggah, keng ibu maos rontal kang nuwuhake swasana aneh lan marakake mrindhing sak saranduning awakku, nimas …..”
” Adhuuh kakangmas, ketiwasan… suk maneh aja pati-pati nginjen yen Kanjeng Ibu aneng njero Sanggah, yen kadenangan bisa marakake bilahi, kakangmas…. Ibu sekti lan mbebayani..”
Muni ngono Ni Ratna malah ngrapeti anggone ngrangkul, sajak wedi banget.
” Rontal kuwi isine mantram Kidung Kalacakra pepuji katur Hyang Bathari … kakangmas, yen tresna marang Retna Manggali, aja pisan-pisan nyaketi Sanggah tanpa katimbalan Kanjeng Ibu ya…. Ingsun wegah kelangan panjenengan .”
Ni Ratna bisik-bisik karo ngarasi pipi, irung lan dadane Ki Bahula.
Kang sakala ndedel brangtane kobar… asmarane nyuwun wadhah. Gage tumandhang nandhukake cumbana marang garwa kang sajak isih ngorong banyu legi kang aran lambangsari.
( ana tutuge )
………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX