KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIV
5 min readKIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIV
Th. 962 (1042 M)
Mimin S
8. Kitab Mantram Kalacakra.
Ki Bahula ora bisa njlomprokake garwane. Nyata bener Ni Manggali uga ngerti yen keng ibu kagungan Aji Wegig kang mbebayani. Sakmestine Ki Bahula kudu banget olehe ngati-ati, karo ilmune kuwi Nyai Dayu bisa gawe abang ijone lelakon, amarga panggraitane dadi landhep lan gampang cubriya. Tujune wingi bengi olehe nginjen ora cedhak, lan Ki Bahula uga ngetrapake ngelmu kang bisa nyesep swara. Lakune dadi kaya kucing sing tanpa swara.
Mengkirik yen kelingan, ndulu yen mawanti-wanti, mestine Ni Ratna apal lageyane Keng Ibu.
” Ah, saka Ratna ingsun kudu bisa meruhi Ilmu apa kang wis kaserat ana gulungan rontal kang ora bisa pisah saka anggane Ibu marasepuhku, ingsun kudu nunggu wektu kang apik. ,” panglocitane Ki Bahula.
Aneng Girah, meh saben ana wektu ing njero senthong, Ki Bahula uga ngasah ilmune. Lan kuwi ndadekake karenaning penggalihe Nyai Dayu, banjur ing sawijining wengi,
” Putra mantu, yen ana darunane sira kepingin semedi lan ngasah kasampurnaning lelaku kanggo ngelmu kang sira agem, mangga ora dadi ngapa yen nggunakake Sanggah kanggo papan semedimu. Anggere ora dina-dina Anggara Kasih lan Kajeng Kliwon nedhenge purnama sidhi, ingsun paringi wektu kanggo sira yen arep manekung puja, kaki .” Nyai Calonarang malah nawakake Sanggah kanggo papan gladhi kasampurnaning bathin marang putra mantu kinasih.
Ki Bahula ijen lumebu sanggah, nilingi papan pamujan kang marakake githok mengkorok. Ora sida manekung puja malah ngiteri saben pojok Sanggah, ngeneri sangisore wit brahmastana (ringin) sangisore reca Hyang Bethari ndongak maspadakake praen reca Bethari Dhurga kaentha Dewi Kali, mata mlolo ngisis siyung, tangan asikep mudra, payudhara nglantong lan sikil siyap ndugang pepalang kang nadhahi kamurkane. Ukirane kang alus khas Balidwipa, memedeni ning awig lan apik banget. Rada suwe anggone maspadakake reca sesembahane Keng Ibu marasepuhe. Ki Bahula ora bisa nyawijekake pikiran kanggo asung pepuja. Dadine mung thenger-thenger ngrantam golek dalan pengapesane Aji Wegig Kalacakra kagunane Nyai Calonarang.
Kalaning aneng tilam sari karo garwane, dirumrum kasok asihe mring kekasih, Ki Bahula bisik-bisik,
” Wong ayu, Keng Ibu kuwi banget sekti apa sumber kasektene saka rontal ingkang saben-saben diwaos keng ibu, nini ?.”
” Kakangmas, mula saka eyang buyut Sri Isyana, Keng Ibu wis digladhi ngelmu Tantra, bareng Kanjeng Ibu kapundhut garwa prameswari aneng Bedahulu, Ibu diparingi rontal dening eyang Dang Acarya Siwamurti, kang Mahayogi Siwabudha nganut paham Tantrayana, ingsun ora mangerteni isi rontal kang diasta Ibu. Ning sing nate tak weruhi, kasekten lan pengapesane Kanjeng Ibu ya aneng gulungan rontal kang tansah diasta menyang ngendi-endi .”
Jlentreh lan wijang Ni Ratna matur marang keng garwa.
” Nini, saumpama ingsun nyuwun diajari lan dadi cantrik marang keng ibu, apa sliramu nyarujuki ?”
” Ah… aja kakangmas, ingsun ora sarujuk …… ngelmune Kanjeng Ibu banget nggegirisi. Lan ngelmune kuwi jinise Ngelmu dhesti kang agawe cilakane liyan. Aja kangmas… aja, aku ngeman panjenengan .”
Karo ngruket kang garwa Ni Ratna gedheg lan menggak.
” Hmmmm… Nini wong ayu, aja kok kira ingsun ora ngerti. Ingsun ora sudi dadi gedibale setan kaya Keng Ibumu. Hmmm …. piye olehku arep njupuk rontal kang tansah sumlempit aneng mekak agemane Nyai Dhayu ….” mbatin Ki Bahula golek marga supaya bisa oleh kalodhangan njupuk rontal sumbere Ngelmu Kalacakra kang mbebayani aneng bebrayan agung. Sebab, kagungan Ilmu Pangleyakan rada serik ati bisa den ububi setan banjur agawe pepati.
Sarwa disamudana, sarwa ditutupi, ning rasa tresna marang Ni Ratna Manggali dudu lelamisan. Ki Bahula bener-bener tulus tresnane, uga ana raos mesakne marang putri kraton kang kasangsaya uripe. Ning ana rasa jirih marang wibawane Keng Ibu marasepuh sing pranyata uga sawijining prameswari lan uga keng ibune Prabu Airlangga sesembahane.
Piye carane… kok kaya-kaya saemperan karo lelakone Dewi Pujawati lan Raden Narasoma. Munyer akal pikirane Ki Bahula, amarga Kitab Mantram Kalacakra nora nate pisah saka Gusti Putri Gunapriya ya Nyai Dayu Datu.
Ora kawistara sak pari polahe Ki Bahula wis diawasi saka pangraose Nyai Calonarang, kang ora nate kinawruhan sapa wae. Mung disidhem ing njero atine, Nyai kraos yen Ki Bahula uga sawijining paraga kang ana “isi” ne, lan amarga kuwi Sang Dayu ngeklasake putri kinasihe dadi garwane, apamaneh Ni Ratna banget tresna marang garwane. Nyai Dayu banget karenan mirsani putrine wis isa mesem, guyune sumringah lan sorot netrane tansah isi rasa kasmaran.
Ning… sajak ana kang digoleki, sakjane sapa Ki Bahula iki. Nyai Dayu golek rekadaya kepingin mangerteni, sapa sakjane putra mantune kang banget ditresnani putrine iki.
( ana tutuge )
………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX