20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIX

4 min read

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XIX
Th. 1042 M
Mimin S

12. Siyat Wengi.

Wengi tansaya sepi, walang antaga jirih arep njerit, angin amping-ampingan kabut jinem lali ora mobah, ora mosik. Hawane kadhang adhem kekes, ning kadhang sumuk kaya cedhak geni bedhiyang.

Ing ndhuwur gumuk manter tempuk panyawang, driji nangkup winengku nyempurit, alis gathuk lan lathi umak-umik ngidungake Tripitaka asung jiwa raga mring Sang Adhibudha, Sang Mahayogi Mpu Bharadah arep ngracut Ngelmu Kalacakra regemane Nyai Dayu Datu kang katunggangan sewu diyu.

Nyai Dayu astane menyang ndhuwur mustaka megar, netrane mblalak, lan lathine uga umak-umik ngrapal Aji Wegig Kalacakra, netrane tansaya suwi tansaya abang. Dumadakan wujud Nyai Dayu ….jleg ….. dadi brahala kang banget medheni. Mata abang ngatirah dadi sak bathok, ilat mulur dawa tekaning dada, payudhara nglembreh , untu pating cringih tansah mbekis lan… sing maune tangan cilik kuning kuwi dadi kasap kaya sisike taksaka lan metu kukune dawa-dawa apucuk abang ireng mawa wisa mandi saemper wisane ula bandhotan.

Sang Yogi ora gigrig lan ora undhur sapecak nadyan brahala mau gereng-gereng netrane cumlorot dahana kang duwe kekuwatan nglebur apa wae kang ketrajang pindha wawa pijer saka kawah redi Kampoed kang akrodha . Ing saranduning badan Sang Yogi kaya-kaya ana kabut kang namengi awarna nila. Dahana saka brahala ora tumama marang Sang Yogi.

Sang Mahayogi nutup babahan hawa sesanga. Netrane merem lan kawistara napase abot ning olehe jumeneng sukune mancep kukuh ing bantala. Dene Nyai Dayu kang wujud brahala tansaya waringuten olehe arep ngrangsang mustakane Sang Yogi nedya arep diklethak… cabar dayane sirep Beganandha, ananging campuhing Siyat Wengi ndayani hawane adhem nggigil agawe kathuken para warga dhukuh kang lagi turu kepati. Hawa adhem kang uga agawe durubeksi, bekakakan, jim, setan minggat ninggal glanggang colong playu. Lan agawe kagete para pandhereke Nyai Calonarang. Amarga sasuwene iki durung ana kang kumawani adu katiyasan marang junjungane, ndadak wengi iki tanpa tandha-tandha Gusti Ratune campuh bandhayudha karo pawongan kang durung nate diprangguli. Gage Nyai Londe, Nyai Lindi, Nyai Sedaksa, Nyai Larung lan sakbalane pada lumajar karo ngempit sempilan rontale dhewe-dhewe. Pada metu saka paleremane tumuju menyang Sanggah…

Binareng Tu Biang kekejer dadya Brahala Leak, aneng kraton Koripan, njengkirat Ni Ratna Manggali saka kekepane Ki Bahula kang uga kaget anggene sare…

Sang Prabu Airlangga kang ora sare ndadak jajane krasa kaya digedhor… ana pratandha apa iki ?

” Kakangmas Bahula …. ingsun dumadakan kaya pirsa yen Keng Ibu mbrebes mili, muwun karo nimbali ingsun… duh kakangmas, ana apa Ibu ku.. ingsun kepengin pinanggih Keng Ibu…..”
Ni Ratna Manggali nangis miseg-miseg aneng pangkone garwane, kang dadi bingung lan pekewuh olehe minangkani.

” Nimas.. nimas …. ana apa sliramu dadi kaya ngene ?, yagene ndadak kapang marang keng ibu ?”,

” Ingsun uga ora ngerti sababe, miturut pangrasaningsun Kanjeng Ibu nimbali ingsun… ah, kakangmas gage nemoni Kanjeng Ibu saiki uga …,” saka miseg-miseg dadi tangis kang melas asih, nyebabake Ki Bahula tansaya klimpungan.

Ning gawane kakung kang banget asih marang garwa, anggere ora nyuwun lintang rembulan wae mesti dipinangkani.

” Iya…. iya yayi, wus cep… aja muwun, ayo karo pun kakang wengi iki uga sliramu tak terake menyang Girah, ning gantinen pinjungmu, gage lukara busanamu karo busananing kakang kareben menakne yen nunggang turangga .” Ngerih-erih Ki Bahula, karo ngarasi mustakane keng garwa. Lan gage metu nyiapake turangga pilihan kang gagah sing peng-pengan bisa ditunggangi wong loro.
Alon-alon sakloron metu saka wisma liwat gapura butulan kang mung warga njero kraton sing bisa mbukak. Turangga siji diagem sekaliyan, Ni Manggali ngamplok gegere kakunge lan sing ngasta kendhali Ki Bahula. Bareng wis adoh saka kutha Dhana, lis sinendhal… tunggangan dalah sing nunggang mbandhang larat kaya kentekan wekdal tumuju menyang Dukuh Girah ……

(ana tutuge )

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

− 5 = 5