20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XV

4 min read

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XV
Th.1042 M

8. Kitab Mantram Kalacakra.

Kitab kang arupa gulungan rontal kagungane Nyai Calonarang, kuwi minangka babon Ngelmu Aji Wegig kang isine cara ngimpun teluh, cara nambani lan cegah teluh kang dadi siji ing gulungan rontal.

Aji Wegig dewe ana telu tingkatan, Nyai Calonarang wis tutug telu-telu ne mrasuk ing jiwane. Dene rontal diasta dhewe lan mawanti-wanti sok sapa wae ora diparengake maca, amarga tanpa tuntunan bisa gawe cilaka. Dene karo andahane Nyai Calonarang, ilmu kang dikuasani ditulis maneh ing rontal kang minangka cathetan pribadine. Nyai Sedaksa lan Nyai Larung wis dhuwur ngelmune, kang kadhapuk abdi utamane Nyai Calonarang.

Kapinujon Ki Bahula aneng sanggah mung sauger sila, socane manther nyawang ing grumbul sacelake watugilang kang minangka altar, katon gumletak gulungan rontal sajak katalompen ora diasta karo sing kagungan. Gage dijupuk lan disingitake ing suwalike ageman. Alon-alon bali sila api-api semedi.

Aneng patileman, gage disingitake sakdurunge kadenangan keng garwa. Bengi kuwi, sakwise garwane sare, gage isi rontal katulis maneh ing rontal kagungane. Nganti sewengi muput ora sare, kalaning Ni Manggali nglilir ing wayah gagat rahina, keng garwa isih sare sajak sayah banget, ora mentala nilar ditunggoni karo nyawang pasuryan bagus kang ditresnani. Nunggu sak wungune…

” Nimas garwaningsun wong ayu, saumpama sesuk ingsun bali menyang Dhaha, apa mbok keparengake ….?,” karo ngrangkul saka wingking bebisik ing talingane garwa, Ki Bahula nelakake yen arep kondur.

” Kakangmas… ana parigawe apa kakang ndadak ngersakake ninggal Ratna …..?.” Kaget Ni Ratna dene keng garwa arep nilarake dheweke nadyan mung sedela.

” Nimas, ingsun arep atur palapuran marang keng Prabu yen ingsun sasuwene iki cumondok lan pikantuk garwa aneng kene, lan garwaku dudu keliya malah isih rayine dhewe….,” jlentrehe Ki Bahula.

” Apa ingsun dikeparengake nderek to kakangmas… ingsun kepingin weruh kutharaja Daha, lan kepengin wanuh mring kakangmas Prabu Airlangga ya kangmasku dhewe nunggal yayahwibi …. ingsun gemang mboktinggal kakangmas ..”
Ndadak Ni Ratna prembik-prembik emoh ditinggal.

” Ngene wae, ayo sowan ngarsane Kanjeng Ibu, lan ibu kang maringi purbawisesa sliramu pareng orane nderek ingsun menyang kraton Daha, nini ….”

Bareng wus matur blakasuta marang keng ibu, wusanane Ni Ratna dikeparengake ndherek keng garwa kang arep kundur menyang Daha bali ngayahi wajibe dadya punggawane kraton.

Sakdurunge metu saka Ndalem Ageng, ana dhawuhe Nyai Calonarang marang Ki Bahula,
” Putra mantu, sak rawuhmu ana ngarsane Anakprabu Airlangga, matura yen ingsun Nyai Dhatu ngersakake diruwat… tenan ya, matura apa kang dak dhawuhake aja kongsi mbok takokake apa tegese.”

” Kasinggihan Kanjeng Ibu, mangke kula aturaken dumateng Gusti Prabu. Lajeng kula inggih badhe matur bilih kula manggihi rontal ingkang sampun kula waos ananging mboten saged kula mangertosi, nyuwun duka ingkang kathah Kanjeng Ibu…..”
Ki Bahula ngaturake rontal kang sejatine wus kasalin aneng rontal kagungane dhewe.

Nyai Calonarang ethok-ethok kaget lan gurawalan rontal ditampani,

” Apa ….. wis kok waos …..,?”

” Inggih, ananging kula cubluk amargi gagal, mboten saged mangertosi tegesipun … menika seratan menapa Kanjeng Ibu, pangapunten .”

” Oh …. iki seratan hurup Pallawa kacampur Sansekerta, suk mesti tak turunake menyang sliramu putramantu , apamaneh yen sliramu bisa maringi putu mijil kakung… hemmmm… apawae kang sliramu kersak ake mesti bakal tak wujudake, wis aja selak kongsi kawanen enggal budhala, jaganen Putriku, reksanen kathi asih. Tak pasrahake menyang sliramu putri kinasihingsun lahir lan batine.”

” Ibu, ampurasane titiyang singgih Bli Bahula, kula nilar panjenengan amargi kedah nderek kakung ingkang mengku kula …. Ibu, kula mbenjang titimangsanipun wangsul dumateng panjenengan ,” ora wurung Ni Ratna Manggali mbrebes mili, amarga pancen durung nate adoh saka Ibu kang wiwit saka kandhutan nganti tumekaning dewasa tansah aneng pangayomaning keng ibu. Lan ana sumlempit rasa trenyuh nyawang Ni Ratna binareng rasa lega manahe Nyai Dhayu, bareng putrine wis winengku priya pidheksa kang bisa ngayomi uga maringi kabekjan marang putrine.

Nyai Dhayu kagungan panggraita wektune wus ndungkap sandyakala.

Alon lampahnya sarimbit, sedhela-sedhela leren merga ngeman yen keng garwa kesel. Tundhone putri kang kepama lan ora nate tindak tebih. Riwe dleweran ambegan menggeh-menggeh ora rinasa, bakune tansah cecaketan kaliyan kakung kang dadya pepujaning ati.

Kraton Daha nunggu pawartos.

(ana tutuge)

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

27 − 20 =