KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVI
4 min readKIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVI
Th. 1042 M
Mimin S
9. Mpu Bharadah.
Sang Mahayogi Mpu Bharadah kang sekti tur wicaksana Guru sang Nata Prabu Airlangga. Sang Yogi minangka Mahaguru Mahaaksobya agama Budha, kang pinaringan kalenggahan ing Desa Lemah Tulis utawa Lemah Caitra.
Nadyan Sang Yogi Guru Agama Budha utawa Dang Acarya, ananging Sang Prabu ngilut Hindhu-Wisynu. Lan jaman Sang Prabu madeg nata para kawula banget olehe rukun anglampahi bebrayan nadyan beda agama lan tatacara ( Prasasti Pucangan, 1041 M ). Iki sing nyebabake Prabu Airlangga kawentar nata kang adil paramarta pangejawantahe Hyang Wisynu.
Mpu Bharadah kang sidik paningal ora wani gegabah ngadhepi Ratu Gunadhesti kaya Nyai Calonarang yo Gusti Putri Mahendradhatta kang wus dadi reh-rehane Hyang Kali amarga manembah Bethari Durga.
Kalaning pasewakan ing Manguntur Tangkil, ingkang seba ing ngarsaning Prabu Airlangga, kajaba Ki Patih Narottama uga Sang Mahayogi Mpu Bharadah. Kang nengga putra kinasih yo siswane, Ki Bahula kang nindakake tugas minangka cucuklampah mbrantas ngelmu pangleyakan ya ngelmu teluh yang marahi miris lan kekesing kawula.
Ora gantalan suwe rawuh Ki Bahula atur sembah lan sungkem ing padane Sang Yogi lan Sang Prabu.
Sakwuse bage binage, Sang Prabu ndangu mring Ki Bahula.
” Kepriye Bahula, apa antuk gawe andika aneng Girah sasuwene luwih telung candra iki ?,”
” Dhawuh paduka Prabu, pikantuk restu paduka inggih pun bapa, kawula sampun saget palakrama kalyan Nini Retno Manggali, inggih leres menawi Nyai Girah menika Keng Ibu paduka Gusti Putri Gunapriya Rajapatni …noknon. ” ature Ki Bahula karo nyembah.
” Jagad Dhewa Bathara… hmm Kanjeng ibu…, Bahula kepriye kasugengane Keng Ibu ? , kepriye pasuryane ? Uga nimas putri…..” Rada geter Sang Prabu nahan pangraos kang campur aduk ing manah. Raos kapang, raos eram, ugi kaslempit rasa jirih amarga apal banget marang katiyasane Keng Ibu, nadyan wus dangu datan pinangya.
” Inggih Gusti, bilih Keng Ibu taksih sae kawilujenganipun, radi kaduk ing yuswa ananging taksih sulistya saha manter kawibawan. Keng Rayi sakmenika cumondhok ing wisma kawula, mangke sonten badhe ngarsa marak dumateng panjenengan Gusti …”
” Iya …iya Bahula, tak rantos tekamu nganthi keng rayi aneng ngarsaningsun. Saiki gage critakno apawae kang kok weruhi sadawa pangelingmu marang katyasane Keng Ibu sak pandhereke .”
Akeh-akeh ature Ki Bahula marang Keng Prabu sing dimidhangetake sapawae kang seba, yakuwi Kanjeng Ramane Mpu Bharadah, Ki Patih Narotama lan Sang Prabu piyambak minangka pasewakan winates (Pen : sidang terbatas ). Gurawalan ature Ki Bahula karo ngulungake gulungan rontal ing ngarsane Sang Prabu kanthi atur,
” Gusti, rontal menika minangka salinan saking rontal ingkang kawula panggihi wonten Sanggahipun Keng Ibu Dhatu, kawula mboten wantun mendhet. Ingkang aslinipun, lajeng kawula aturaken malih, ugi matur menawi sampun kawula waos ananging mboten kawula mangertosi. Dhawuhipun Keng Ibu menika seratan Pallawa kacampur Sansekerta, paringanipun Dang Acarya Syiwamurti saking Jambudwipa saha kawimbuhan saking bhumi Swarnadwipa…. ”
” Mangga Bapa Yogi, panjenengan ingkang ninthingi aksara Pallawa-Sansekerta menika, menapa leres rontal menika sumberipun Ngelmu Dhesti Kalacakra …. ” karo ngendhika gulungan rontal kalungsurake marang Sang Mpu. Diwaspadhakake, diteliti lan diwaos sawetara wektu. Banjur sabda :
” Bahula, iki dudu aslining kitab rontal kang diasta Gusti Dhatu, iki mung ciciran Ngelmu Kalacakra manengah. Mbokmenawa sing sira temu iki dudu kagungane Gusti Dhatu. Ora papa, aja dadi kacuwan atimu, saka kene ingsun ngerti apa karsane Gusti Dhatu dhawuh pesen supaya diruwat. Kuwi panantang alus mring Ngelmu sing tak agem. Bisa uga saking asihing marang putrine, Gusti Dhatu kepingin nyawiji ora kersa pepisahan… ya coba tak ngeningke driya aneng Sanggar Pamujan nyenyuwun mring Adhi Budha kepriye ngluwari kanthi aris prekara iki”
Banjur ngadhep Sang Prabu karo ngendikan :
” Gusti Prabu, mbokbilih kula nyuwun palilah panjenengan wekdal sepasar kangge ngeningaken driya. Ngarsa minangkani pamundhutipun Keng Ibu.”
” Inggih bapa, nyumanggakaken. Kula inggih keguh kewala, bingung kadospundi kersanipun Kanjeng Ibu. Kula kedah milih pundi raos tresna dumateng tiyang asepuh,ugi sesanggeman dateng negari dados pengayoming kawula. Inggih bapa mangga… mangga ingkang sae ingkang kadospundi kula pasrah dumateng panjenengan .”
Pawiwahan winates sigeg. Kalajengaken mangke menawi Mpu Bharadah amungkasi semedi angening cipta nutup babahan hawasesanga, ngrantos Hyang Adhibudha maringi wangsit caranipun brastha guna dhesti saemper Ngelmu Pangruwating diyu.
(ana tutuge)
………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX