KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVIII
4 min readKIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVIII
Th. 1042 M
Mimin
11. Ngruwat.
Nedhenge purnama sidhi, langit padhang tanpa kalingan hima. Sunare Sasadhara anelahi, swarane bocah dolanan wis mungkur, wayahe sirep bocah ing dhukuh Girah sepi mamring. Mung ana siji loro kang isih padha melek gremang gremeng nggrombol linggih ing lincak aneng ngarep omah. Ajeg ing pojok desa lengkehing jurang ana swara kidhung sesanti maos Vedha konjuk mring Hyang Wisjnu Sang Pengayom Jagad Raya.
Swara galik-galiking Vedha kuwi nyurung lampahe piyayi setengah sepuh kang isih gagah pidheksa. Pasuryane bening, jenggote putih mustakane nggilap gundhul, busanane awarni jene kaubet-ubet, jamak lumrahe pandhita Budha. Tindhake tan tumoleh, sukune entheng lan minggah gumuk kaya miber.
Dhang Acarya Mpu Bharadah rawuh ana Sanggah nduwur gumuk ing Dhukuh Girah.
Ing njero Sanggah kang korine diwengakake amba sepi mamring merga pandhereke kabeh diutus ngalih, ora diparengake cedhak-cedhak. Amarga Nyai Dhayu wis ngraosake yen arep ana tamu ing wengi purnama kang sakjane wayahe asung Santiparwa, ning wengi iki Nyai Dhayu pilih manekung puja aneng Sanggah tanpa pandhereke, amung ijen wae.
Agemaning Nyai Datu jubah cemeng kosok balen karo pakulitane kang sumriwing awarni gadhing, rikmane sing wis akeh uwane diore panjang, pasuryane ayu lan wibawa trah ningrat isih kawistara. Lambe tipis arang-arang mesem sakwise tinilar keng putri Ratna Manggali. Paling marahi jirih, sorot soca kang endah kuwi manter kaya bisa ngungak sanubarine sapa wae sing adu arep karo Nyai Dayu Datu, ya Nyai Calonarang Rangde Nateng Girah, Gusti Putri Mahendradhatta Rajapatni Gunapriya, Keng Wibi saka Prabu Airlangga ( Pen : putrane Gusti Mahendradhatta kaliyan Gusti Dharma Uddayana Warmadhewa mijil kakung tiga nggih menika Gusti Agung Airlangga, Gusti Gedhe Marakata, Gusti Alit Anak Wungsu saha setunggal putri Gusti Ayu Ratna Manggali ) lan merga putri wuragil lahir sakwuse jengkar kraton , sebutan Gusti Ayu ilang dadi Ni Ratna Manggali kang ora darbe warisan. Dene keng ibu wis dudu prameswari ning ngarsa mrasuk minandhita asung puja mring Bethari Durga katelah Ida Ayu utawa Dayu. Lan merga karo pandereke isih nyebut Gusti Ratu utawa Ratu ya dadine Dayu Datu …….
” Om ….. santi ….. santi … santi …Om , Gusti Datu ….? ”
” Om Swasti astu, pinangya ing madya ratri nedheng purnama sidhi. Mangga panjenengan mlebet Sang Yogi kula sampun angrantos rawuh njengandika …”
” Eh lhadalah … kaduk waskitha saha lantip panjenengan Gusti Datu, dene sampun cumawis badhe nampi sowan kula ….”
” Ah mboten sak kuku cemeng katandhing kawasisan njengandika, kalawau enjang siliring ngocehing paksi ingkang ngabaraken bilih badhe wonten tamu agung saking Lemah Caitra ingkang rawuh ing griya nginggil gumuk ing dukuh sepen menika.”
” Kasinggihan Gusti Datu, kula namung nyagahi pamundhut panjenengan ingkang badhe nodhi kabisan kula ingkang taksih cethek. Nyuwun kawelasan panjenengan menawi wonten ingkang benten pamanggih. Kula namung mbekta Tripitaka Mahaksobya titipan saking Jambudwipa ingkang kabuncang maruta dhawah wonten Lemah Caitra panggenan kula .”
” Sang Yogi, nyuwun pitulungan njengandika, mugya kersaa ngracut Mantram Kalacakra ingkang sampun nyawiji ing jiwa kula. Ning menawi mboten tuntas namung wonten kalih pilihan. Kula utawi njengandika ingkang kedah nglunasi pepesthen. Menawi njenggandika kawon, njenggandika kedah nglepas raga sumadya pejah, kula ingkang dados Mahaguru wonten Koripan nggulawentah Anakmas Airlangga minangga putra pambajeng ….. .”
” Menawi kula saged ngrantasi saha lolos saking Ngelmu panjenengan ?.”
” Menawi jengandika ingkang saged ngrucat Ngelmu kula …? Kula namung kepengin manggihi gendhuk Manggali kemawon, Sang Yogi … sampun katalompen, Hyang Bethari tansah ngayomi dumateng kula ….,”
Nyai Calonarang banjur menyat saka anggone lenggah, jumeneng ing ngarsane Sang Yogi kang tansah siyaga.
Wengi iki mumpung purnama sidhi, Hyang Candra maringi cahya kang nyurung piyandel Tantrayana. Dene Sang Yogi pengagem aliran Mahayana pitados namung kakuwatan Sang Adhibudha kang bakal nyabarake Ilmu Setan kang rinegem ing aliran Tantrayana.
Wengi tansaya sepi, lirih maruta asesilir ngemu jirih amarga arep ana tandhing katiyasan Ngelmu kang ora bisa dinalar ing salumrahing janma. Wit tanjung jinem anteng ora ngluruhake kembange, nganda wangine di sigeg sauntara. Ngenteni oleh palilah sekar gadhing lan cempaka kang ndulu polahe janma kang ngrumpaka Siyat Wengi mbesmi nyekakake dhemit iblis kang wus nglumpuk ing sawingkinge Nyai Calonarang.
( ana tutuge )
………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX