22 November 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DUKUH GIRAH III

4 min read

KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
Th. 962 Saka(1042 M)

2. Murinane Nyi Calonarang.

Ki Buyut dadi ewuh aya, pikirane bingung. Merga ngerti yen Reksapati mati karana pokal gawene dhewe. Ning bojo-bojo lan anak sing ditinggalake ora bisa nrima. Atine Ki Buyut sakjane uga nelangsa putra siji-sijine nemoni pati nistha, ning kepriye maneh wong watak wantune ya ala ora kena di reh atine lan ditata uripe. Warta kang sumebar mesti katambahan, saya dina saya ndadra olehe ngala-ala Ni Ratna Manggali, yen Nyi Calonarang bisa neluh pangagem Ilmu Peteng Kalacakra mestine Ni Ratna Manggali iya kaya biyunge.

Saiki Nyi Dasih wus ora gelem ngancani, Nyi Londe tansah repot mbiyantu Kanjeng Ibu, atine Ni Ratna Manggali banget sedhih lan tansaya kesepian. Asring thenger-thenger nglamun, lan kangen karo sing diarani langen asmara.

Samangsane Ni Ratna Manggali menyang pasar karo Nyi Londe, ing pasar wong-wong nyawang kanthi aneh, ana sing nyenges lan nyindhir,

” Huh, nadyan ayu rupane ning atine kaisen iblis…, ibune tukang teluh , anakke yo baut santhet. Ora-orane yen ana wong lanang gelem nglanggati …yo cah dha sumingkir …”

” Ngalih…ngalih… aja nganti celak-celak wong wadon rucah, nggodha bojone wong nora katampa njur neluh … ngalih… ayo dha ngalih…”

Nelangsa banget pangrasane Ni Ratna Manggali, amarga rumangsa ora nate ngina utawa alaku ala marang sapepadha, ana kaslempit ati nelangsa yen ta Kanjeng Ibu kagungan Ilmu Leak, apa kuwi kang marakake keng ibu banjur disingkirake karo ramane Gusti Aji Dharma Udayana ?, saking ora kuat atine, Ni Ratna Manggali mlayu karo atawang tangis mulih, di tutke Nyi Londe kang uga keplayu bingung momongane motah.

Kedadeyan mangkono ora pisan pindho, ajeg Ni Ratna Manggali kang diwisuna tangga sadhukuh, nganti tekan njaban desa Gurah saiki wis kaloka ana dukun teluh kang aran Nyi Calonarang sabrayat kang manggon ana Sanggah ndhuwur gumuk.

Tangising Ni Ratna Manggali kapyarsa dening Nyi Calonarang, kejot penggalihe Nyi Calonarang , antarane sedhih kacampur deduka.

Putrine kang ruruh lan apik bebudhene kang dadi gegantilane atine, di ina , di sawiyah lan dijejuwing atine, ibu ngendi sing bakal trima ?. Apa maneh Nyi Calonarang kulina disubya nampa pakurmatan yen deweke isih trah ngaluhur, lan uga ora nate agawe kapitunan marang sesama. Kadadeyan Reksapati kuwi uga amarga ngundhuh wohing panggawe. Saupama ora kadenangan, kanisthan apa kang disangga putri kang banget ditresnani kuwi. Ing atine tuwuh rasa serik lan kesumat marang wong-wong sadesa dalah Ki Buyut sing ora bisa ngadhemake swasana….

Wengine mbeneri purnama sidhi, Hyang Sasadhara mancorong anelahi, ning swasana tintrim ing Ndalem Ageng lan Sanggah nduwur gumuk. Ana regemeng-regemeng pawongan telu kang gesit, ngubengi Ndalem Ageng golek dalan arep mlebu mring senthonge Ratna Manggali, lali marang pakulinane Nyi Calonarang. Datan sare yen dalu, lumebet Sanggah manekung asung pepuja marang Sang Bathari Dhurga, apamaneh nedhenge wulan purnama. Pangrasane tajem, yen ana kumlebate janma, kaya di elingake, ngetrapke aji panglimunan, nutupi kori kang tumuju marang senthonge Ni Ratna Manggali. Wusanane wong telu kaya kebo dikeluh dudu sabaene mlaku marani tumuju sanggah. Tekan sangarepe sanggah, bayune dilolosi ndeprok prok ora bisa ngadeg, amarga tanpa kaweruhan sangkane neng lawang Sanggah mbregagah brahala yang banget medeni, nggereng menthelengi wong telu kang lancang lumebu pekarange wong tanpa kulanuwun, kaya pandung patrabe.

” Titiang tusing nyak yening putri tiange dadi bajang tua, lan tiang kel tusing ngelah keturunan. Nyen ane bani nyebarang pitenah sane tusing-tusing.” Si brehala nggereng … njampangi wong telu kang neneka kuwi.
Wong telu kuwi blangkemen ora bisa mangsuli, ambegane menggos-menggos dulu rerupan ing sangarepe. Saking kaweden, nyur nggeblak semaput, lali purwa duksina.

( ana tutuge)

@ Nyi Calonarang kawastanin Ida Ayu Dhatu ( Dayu Dhatu), Pengeleakkan sane kabaktiang punika inggih punika Ngelmu Kalacakra mekejang Sang Bathari Durga..

 

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

96 − = 88