20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DUKUH GIRAH V

4 min read

KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
Th. 962 Saka ( 1042M)

2. Murinane Nyi Calonarang.

Sawusing prastawa wong telu neneka mara ing Ndalem Ageng, Nyi Calonarang penggalihe tansah ora jenjem, tansaya dina tansaya njarem. Panalangsa dene dina-dina mburi putrine ora nate dolan, menyang pasar ya gemang, tansah ing njero senthong ora gelem metu, guwayane aclum pucet, esem kang banget manis wis ora nate katon kagawa saka sedih atine. Kadhang nglamun, umure kang tansaya mundhak, Kanjeng Ibu kang tansaya repot ing sanggah nadyan to isih tetep tresnane, ananging Ni Retna Manggali ngerti, biyunge tansaya ngasah Ilmu kang nggegirisi.

Ilmu Pangleakan Dayu Dhatu pancen wis dhuwur, bisa maujud brahala kang medheni, uga bisa maujud pandhosa susun utawa badhe ( wujud pura undhag-undhagan kanggo upacara ngaben – Bali ). Dene kadhehane kaya Nyi Londe, Nyi Lindi, Nyi Sedaksa, Ki Larung , Ki Mahesa Wardhana mung bisa maujud kewan utawa nangekake mayit kang wis dikubur ( zombi), utamane mayite wong kang mati durung sampurna ( kacilakan, nganyut tuwuh, utawa kena lelara ). Dene mayite wong mati tuwa, utawa mati antuk dedonga saka sanak kadhange ora bisa ditangekake kanggo sarana ngelmu pangleakan. Yen Ilmu Leak campuh padha Ilmu Leak amarga memusuhan, bisa perang ing wengi-wengi kapilih. Kayata wengi Kajeng kliwon ( Jumat kliwon) katelah Siyat wengi. Kang kalah, kena dititeni sesuke dadi mayit kang mlonyoh kaya kesiram toya umob.

Wengi Anggara kasih, Kanjeng Ibu ana sangajenge patung sesembahane yakuwi Dewi Durga, ing bathin wis tuwuh pangingit marang wong-wong dukuh kang nyebabake putrine kasingkir lan nawung sedih ora ana pedhote. Sakmestine pamintane biyung, ngarep-arep jodho kanggo putrine sing padhan. Sing nresnani lan ngayomi putrine, amarga Ibu tansaya suwe tansaya sepuh lan ora bisa nolak pepesthen. Sanadyan to pengagem Ilmu sundhul langit, isih kalah durung sakuku irenge Ilmu kagungane Hyang Syiwa.

Pinuju puja semedi, hening ing nalar budi Nyi Calonarang sak pandereke, dumadakan kapireng swara paser kumesar ing sakduwure pyan kang saka duk aren, kemratak swarane geni mangsa duk lan kayu ing wuwungan. Kaganggu olehe semedi, Nyi Londe menyat arep ngungak menjaba, nanging dipenggak dening Gustine. Diwenehi tandha karo astane, Nyai Calonarang banjur sedhakep nutup babahan hawa sesanga, ngrapal ajian. Geni saka kumrutuge paser-paser saka wong-wonge kabuyutan lan seweneh warga padhukuhan kang namakake paser-paser apucuk geni, durung nganti ngenani wuwungan lan bebatur Ndalem Ageng pada luruh ceblok menyang bantala, genine mati. Sakupenge Sanggah alon-alon tumurun kaya ampak-ampak cat katon nutup kaya slambu namengi Ndalem Ageng lan Sanggah sak isine. Saengga kalis ing paekane geni, tinutup kasektene Nyi Calonarang.

Ping telu Ndalem Ageng diganggu gawe, makaping-kaping ngulur kasabaran. Ning, bener-bener nantang pati. Lan ngikis kesabaran ing manahe Gusti Dayu Datu. Mung kendhel ora nyuwara, Nyai Calonarang ngawe marang pandhereke supaya gawe upacara.

” Panginaan rasayang titiang !!! Tiang kel wales, rakyat Gurah ngerasayang grubug, kapeksan tiang makejang atharwa .. ” Nyai Calonarang bisik-bisik menyang andahane, kang krasa giris ning banget nderek ngrasakake tatu ati.

Gage ngadhakake upacara nyuwun idhi restu Sang Bethari yen arep nyebar “grubug” utawa wabah sesakit marang wong-wong Gurah yang wis nglarani atine, utamane gawe panalangsa putrine.

(ana tutuge)

☆☆☆” Panginaan rasayang titiang !!! Tiang kel wales, rakyat Gurah ngerasayang grubug, kapeksan tiang makejang atharwa”
Tegese :
“Pangina kang tak rasakake, Bakal tak wales, rakyat Gurah kareben ngrasakake wabah lelara, kepeksa ingsun nindhakake pepati ….”

♡♡ menika dongeng sanes sejarah. Atur sekedhik bab Ilmu Leak, menika kula pikantuk saking pangandikanipun saderek saking Bali. Nuwun.

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

61 + = 71