22 November 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH VI

5 min read

KIDHUNG ING DUKUH GIRAH VI
Th. 962 Saka ( 1042M )

3. Grubug saka gumuk.

Kurang telung ndina nedhenge purnama sidhi. Ananging wengi kuwi swasana banget tintrim, walang antaga blangkemen ora bisa nywara, angin mung bisik-bisik lirih. Nadyan neptune Anggara Kasih, kepenake Kartika leladi asmara mring Sang Candra ananging wengi kuwi kaprabawan saweneh upacara aneng Sanggah Pamujaning Sang Bathari Durga ing ndhuwur gumuk.

Ana paraga wadon kang isih kenya tanpa daya, kena dayaning gendham guna dhesti, gumlethak ing sakdhuwure “altar” watu gilang sangisoring Reca Bathari Dhurga kang mendelik sangar.

Kumeluning dupa kemenyan sumribit ganda wangi kang njalari mengkirik janma salumrah. Umak-umik lathine Nyai Calonarang dalah sak pandhereke. Angin nggawa mantra panyirep kang tajem, nganti Ni Ratna Manggali lan wong ing sak padhukuhan kena dayaning aji Beganandha kang meh sampurna, kabeh kasilep ing endahing alam supena. Wengi Anggara Kasih, wengi atur sesaji Yadna, kang ngorbanane kenya kang kasil kagendham kaya ora kajarag sesidheman mara munggah menyang Sanggah.

Nyai Calonarang wis tapis kesabarane, niat males ukum marang wong-wong desa kang wis wani nglarakake putrine.

Lan wengi iki Nyai Calonarang nyuwun idhi pangestu mring Dewi Durga minangka pepujane. Ngrapal japamantra Tantrayana kang wasis, Sang Nyai Rangda nglolos duwung kang kumerlap kena soroting rembulan kang rung pepak bundere. Duwung di templekake bathuk, karo merem banjur kumlebat njonjoh gulu korbane, sakala mancur ludirane kang katadahan ing bokor kang wus disaranani. Tanpa swara kenya kang dadi Shantiparwa kuwi wus kentekan getih, lan… dadi layon. Getih kang sinawuran kembang lan mantram kaoser-oserake patung Sang Bathari, kemrutuge kemejan tansaya ngembuleng. Sang Nyai Rangda tansaya seru kekidhungan Tantrayana kang diwaos saka gulungan rontal kang tansah diasta , lan reca Bathari kablebet pedhuting kembang lan gahuru(menyan) kang diobong, tansaya suwe tansaya katon wewayangan rerupan wanodya mangagem jamang kang pasuryane ayu banget, ning sorot netrane tajem medheni …. Antarane Sang Nyai Rangda karo rerupan mau kaya-kaya satata jalma, amarga Sang Nyai bolak-balik ngaturake sembah.

Sawusing wewujudan ilang larut kasilir maruta, Sang Nyai Rangda nudingake driji marang mayit kang gumlethak ing altar, aneh… mayit kaya kaangkat lan pindhah menyang pancaka kang wus sumadya. Gage cukat trengginas pandhereke ngurupake kayu, banjur ngaben kalaksanan sanalika.

” Heh, panderek ingsun kabeh. Enggal samapta angrantosi nedhenge purnama kang kurang telung ndina, kowe kabeh ngrantam angraga sukma. Dadya leak saka panyurunge japa mantra ningsun, sebaren teluh marang wong-wong kang murangtata kae. Grubug ingsun sebar katunggangan ngelmu ningsun bakal warata sak laladan kene. Amarga ingsun wus pikantuk palilah saka Hyang Bethari …. kareben ngrasakake, minangka piwalesingsun wus kumawani gawe sungkawa putriningsun .”
Nyai Rangda Calonarang ngendikan karo nahan kobonge manah.

Wengi kang sepi, sirep Beganandha kang njlarit nabet jiwane pawongan sak dhukuh sing tuna ngelmu ditingkah gaok-gaoke gagak lan panjeriting asu mbaung.
Wengi kang tintrim kasinungan hawane iblis wiwit sumambrah ngebaki laladan sakupenge Desa Girah.

Ning rada adoh saka gumuk, ing lengkehing jurang. Isih ada omah dhadhuk kang ngurupake dlupak, mendrip-mendrip urupe geni kena silir angin wengi kang angganda arus. Aki-aki karo Nini-nini kang yuswane ndungkap wolungpuluh tahunan, lagi ngidungake Vedha, krasa yen wengi kuwi seje karo wengi-wengi sakdurunge. Amarga manter uluk pepuja mring Hyang Wisnu, ndadekake luput saka dayaning sirep.

” Nyi, kowe apa krasa yen wengi iki gandane arus ?,sajake Dukuh kene kaya arep kena pagebluk ?.”

” Napa enggih to Ki ?, nggih pasrah atur donga mring Hyang Widhi Wase, kula kaliyan panjenengan mpun sepuh Ki, saupami tilar donya nggih mpun wancine. Ning kadhose pagebluk niki asale onten sing ndamel nggih Ki. Yen badhe pejah langkung becik kapundhut Hyang Widhi mawon Ki …. mpun kenging ngelmu cethik Aji Wegig .”

” Iya Nyi, iki Aji Wegig pangleyakan. Sesuk tangga teparo dikandhani Nyi, masang sikep ing sakndhuwure lawang lan cendhela, kowe rak sik eling to Nyi, sikepe kuwi apa wae ?.”

” Inggih Ki, bawang putih, jangu, benang tridhatu, pipis bolong kaliyan toya sumber diwadhahi kendhi, kersane para iblis mboten wantun mara .”

” Iya Nyi, lan aja katalompen, aja turu nganti lebar tengah wengi. Lan tansah maca Veda nyuwun pangayoman mring Hyang Widhi Wasa .”

(ana tutuge)

☆☆☆
Anggara kasih – selasa kliwon
Sanggah – panggonan pamujan
Sesaji Yadna – sesaji pangorbanan
Duwung – keris gedhe (Bali)
Shantiparwa – korban – pahlawan
Tantrayana – saweneh kapracayan yen munggah menyang Nirwana/swargaloka nganggo korban lan mantra-mantra.
Vedha – kitab panuntun wong Hindu
Grubug – pagebluk – wabah penyakit
Cethik Aji Wegig – racun kang sinebar dayaning ilmu teluh.
Sikep – bahan penolak teluh
Benang tridhatu – benang telung warna ( abang, ireng, putih)

 

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

1 + 5 =