20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XI

4 min read

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XI
942 Saka ( 1042 M )
Mimin S

7. Ni Ratna Manggali.

Senapati Bahula kandheg saka pangangen, saka ancer-ancer sing diaturke Ki Mahesa Wulung, panggonane Nyai Calonarang wis cedhak mung kaletan bulak. Banjur munggah ing sanduwure gumuk. Makaping-kaping kepethuk karo warga dukuh dheweke manthuk karo mesem ning ora sapa aruh. Para warga sing mrangguli Ki Bahula tansah noleh lan maspadhakake, saya maneh bareng ngerti yen lakune Ki Bahula sajak ngener Ndalem Ageng kang marakake gigrig nyang ati.

Rawuhe dibagekake Nyi Londe, amarga rupane bagus, lan sapa aruh kang tumata alus, agahan Ki Bahula dipinarakake aneng pendhapa. Lan matur marang Nyai Calonarang yen ana tamu.

” Pangapunten kula ingkang sowan Gusti Putri… nami kula Bahula, senapati Daha panderekipun Gusti Prabu Airlangga.”
Ature Ki Bahula bareng didangu Nyai Calonarang.

” Ana parigawe apa anakmas Prabu Airlangga ngutus sliramu, wong bagus ….,?” semanak Nyai Calonarang kepranan marang solah bawane Ki Bahula.

” Nyuwun sagung deduka Gusti, bilih menika mboten dipun utus Gusti Prabu. Niyat kula pribadhi sowan dumateng Ndalem Ageng menika, amargi mireng saking sumilire maruta menawi Putri Ratna Manggali taksih piyambakan … ” matur karo ndingkluk kacipuhan.

” Hmmm…. yen Genduk Ratna isih ijen, terus sliramu apa nedya arep mundhut garwa ?, apa wis weruh karo citrane anakku, wong bagus ,?”

” Pangapunten Gusti Putri, amargi kula sampun dipun sanjangi Ki Mahesa Wulung ingkang nembe, ugi kula inggih dereng semah, kula kumawantun marak sowan panjenengan badhe angebun-ebun enjang anjejawah sonten, Nini Putri Ratna Manggali menapa pareng kula suwun dados semah kula …..”

” Ingsun durung bisa aweh wangsulan, ning tak timbalane disik Genduk Ratna, amarga deweke sing bakal nglakoni salaki rabi. Nyai Sedaksa …. coba Ni Ratna aturana supaya manggihi tamu aneng pringgitan. Ayo nakmas Bahula, sliramu uga pinarak aneng pringgitan kene.”
Pangandikane Nyai Calonarang kang banjur menyat jumeneng lan mlampah manjero tumuju pringgitan.

Senapati Bahula maspadhakake swasana njero Ndalem Ageng kang bawera tur asri. Kawistara yen sing kagungan ndalem trahing ngaluhur. Ing njero ketawis resik, sepi lan adhem, saya mandha-mandha mambet gandhane dupa.
Wingit.

Ora krasa lakune wis tumekaning pringgitan, Ki Bahula diacarani lenggah ing kursi saka glugu kang diukir ngrawit. Ora gantalan suwe kapireng kumresike jarit, lan Ki Bahula gage tumoleh. Tempuke pamandeng agawe geter sakloron, kedhep tesmak Ki Bahula nyawang pasuryane Ni Ratna kang ruruh lan sulistya, rada pucet ning dadya tansaya mencorong pindha Dewi Ratih. Kosok baline Ni Ratna bareng weruh muda taruna kang bagus lagi mbalang liring, atine kaya sinendhal mayang. Oh, apa pawongan iki nedya nglamar ingsun ……? , panglocitane Ni Ratna.

” Kene, kene Nduk… lenggaha kene ing sisihe Ibu, tepangake Ki Bagus ya.. iki sing diarani Ni Ratna Manggali, bocah dusun cilik, kang ora darbe kapinteran lan ala rupane… tak dhisiki ngendikanku amarga aku kuwatir sliramu kuciwa, Ki Bagus .”

” Nuwun sewu Gusti, kula mboten kuciwa, kula sampun anggadhahi tekat bilih sowan kula menika gadhah kawigatosan mengku Nini Ratna Manggali dados susihan kula ngantos delahan. ”
Tansaya manteb tekade Ki Bahula arep mengku kenya rayine junjungane, ya Gusti Prabu Airlangga.

” Gendhuk Ratna, sliramu wis mireng dhewe dene Ki Bagus Bahula niat arep nglamar sliramu kadidene sisihan. Apa sliramu nayogyani ?”. Ngendikane Nyai Calonarang marang putrine kang ndhingkluk tumungkul karo ati dheg-dhegan, pangrasane banget beja kemayangan. Didangu Kanjeng Ibu, Ni Ratna amung dhingkluk lan manthuk kang ora kawistara. Nyai Calonarang mesem, mirsani solahe Ni Ratna kang kacipuhan ning ngatonake yen atine bungah. Ibu ngendi mesti pirsa yen putrine kuwi lagi ketaman asmara…

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel, angel kelangkung
Tan kena tinumbas arta

( ana tutuge)

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

67 + = 77