20 September 2024

Jambi Daily

Media Online Publik Aksara Propinsi Jambi

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVII

3 min read

KIDUNG ING DHUKUH GIRAH XVII
Th. 1042 M
Mimin S

10. Nyai Calonarang.

Ndalem Ageng sepi lan samun. Yen disawang saka katebihan ketawis wingit linambaran ampak-ampak pedhut nggameng. Lan hawane nrecep nambahi tintrim swasana. Pagebluk wis mungkur, cecaturan rerasan prakara Ni Ratna Manggali wis sepi, lan sing aneng Ndalem Ageng uga arang-arang pinanggihan karo warga. Menyang belik ajeg ngisuki utawa wengi pisan, dadi arang sapatemon apa dene sapa aruh karo warga.
Sidhem.

Sakjane Nyai Calonarang kang kasepen tinilar putrine, ing bathos nangis araos kapang. Ning, tresna ora kudu dadi njiret, uga dudu pakunjaran. Pirsa yen Ni Ratna banget tresna marang garwane, kadidene ibu kudune legawa ing manah. Amung donga sesanti murih rahayuning putri kinasih ingkang tansah disesuwun.

Nyai Calonarang uga wis dhawuh mring putra mantu sapa sing saguh ngruwat ngelmune, sakjane amung samudana, yen uga mengku karep panantang. Yen ta bisa ngruwat lan ngrucat Ngelmu kang wis dhuwur, mestine mbethot nggawa pepati mring sing kagungan Ngelmu. Ora liya ya Ilmune Dang Acarya Syiwamurti dewe kang nganut faham Mahayana saka Jambudwipa ( India – Pen ). Ana pangrasa ora lila, lan percaya yen ngelmune ora ana sing madhani ing Jawadwipa kene. Amarga ora nate pikantuk kabar, yen para Acarya saka Swarnadwipa(Sumatera) lan Jambudwipa (Hindustan) wis akeh kang rawuh aneng Nagari kanthi angagem Sang Mahaksobya Adhibudha kang banget wasis lan waskitha bab Ngelmu pangruwating diyu.

Nyai Calonarang mangertos yen putramantune dudu tedhak pedharaan. Kawistara tatakramane lan solahbawane, panggraitane Sang Nyai mestine putramantu iki isih tedhak turune wong agung aneng kraton Bedhahulu-Gianyar, lan Sang Dayu Datu gawang-gawang kemutan paraga kang kinurmat kang tansah cinaket aneng sisihe Gusti Prabu Dharma Uddayana Warmadhewa ing kraton Bedhahulu Gianyar, asmane Mpu Kuturan. Sedulure Mpu Kuturan, uga yogiswara kang asmane Mpu Bharadah. Manahe sang Dayu Datu gedhap….

Semedi nutup babahan hawa sesanga lenggah sila asta asikap mudra. Maneges marang Hyang Bethari Dhurga Sesembahane.

Mumbul ing awang-awang awarni maya, Sang Putri Mahendradhatta lumampah ing antarane mega, lan pinanggih paraga putri mawa makutha lan busana kaswargan kang gumebyar mawa cahya mblerengi. Putri agagem makutha kuwi mesem mring Sang Dayu lan ngajak wawan rembag,

” Putri Mahendradhatta, ingsun iki jiwamu.. kang nedya reresik mring sira. Ning, waspadhakake bocah-bocah prawan kang minangka Shantiparwa kabeh njaluk tanggung jawabmu. Amarga getih kang mbok korbanake minangka tumbal kasektenmu pada njaluk bebana kang kudu mbok pinangkani …”

Tan bisa kumecap, lathine bungkem… Sang Dayu ngerti apa sing disuwun. Sang Dayu uga ora bakal tinggal glanggang colong playu, ning … Kaya dielingake, Sang Dayu uga mangertosi wektu gesange wis gumlewang wancine sandyakala…

( ana tutuge )

 

………….
KIDUNG ING DUKUH GIRAH I
KIDUNG ING DUKUH GIRAH II
KIDUNG ING DUKUH GIRAH III
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH V
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH VIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH IX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH X
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XV
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVI
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XVIII
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XIX
KIDUNG ING DUKUH GIRAH XX

Print Friendly, PDF & Email

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

− 6 = 1